Minggu, 19 Agustus 2012
*Tuladha pasrah calon panganten kakung
* Nuwun , kula nuwun ,
* Para sesepuh myang pinisepuh ingkang
dahat kinabekten. Sumawana sanggya ing para rawuh kakung saha putri, ing
kang tuhu pantes kinurmatan. Kepare n nga langkung rumiyin kula hangunjuk a aken puji syukur sangandhap pepada ning Gusti ingkang Maha Agung, dene sampun kepareng paring kekiyatan saha ka
wilujengan dhumateng kula sakadang, saengga anggen kula lu
marab ngabyantara wonten ing ngarsa panjenengan sadaya wida
da nir ing sambekala.
Kalilahana humatur wonten ngarsa panjenenganipun ....................
ingkang tuhu kinabekten.
* Kula pun ............... cumanthoka lumarab atur wonten ngarsa panje
nengan , nun inggih labet anggen kula dinuta dening .......................
ingkang lenggah dedalem ing ........................ , ingkang supados :
* Sepisan , hangaturaken kasugengan saha taklimipun bapak ........................sakulawarga, mugi katur ing
ngarsa panjenengan........................ sakulawarga.
* Ingkang ongka kalih : nuhoni rantaman ingkang sampun gumolong gilig ing antawisipun priyagung ingkang
samya bebesanan , kula kepareng hanglarabaken sowanipun calon penganten kakung ingkang apeparap
.................... , atmaja kakungipun bapak ing dusun .........................
Kanthi panyuwun supados kaijabaken saha kadhaupaken kaliyan atmaja putrinipun bapak .............. ing
kang asesilih Rara .......................... Pramila hambokbilih sadayanipun sampun samekto saha satata beba
san ulam munggwing rampadan panjenenganipun ........................................... namung jumuring ing karsa
anggennya badhe nindakaken upacara ijab sahs dhauping panganten, kairing puja subrata konjuk ing sa
ngandhap pepada dalem Gusti ingkang Maha Agungf, mugi tumapak ing upacara ijab saha dhauping Pe
nganten sarimbit, saengga paripurnaning pahargyan dipun adani ing wanci punika tansah kalis ing gora
godha lan rencana , uwal saking salwiring poncabaya.
Ing panginten sampun ndungkap ing titiwanci , jer calon penganten kakung sampun siyaga lan rumanti ing
karti , ingkang punika sumangga calon panganten kakung kula aturaken , sinartan ing puja puji asesanti
"JAYA-JAYA DWI PANTARA , WIDADA MULYA INGKANG SINEDYA"
* Ing wasana kirang trapsilaning sowan kula sumrambah sanak kadang pangayabing calon panganten ka
kung , punapa dene wonten kithal kuciwaning anggen kula matur ing reh dinuta , keparenga panjenengani
pun bapak ........................... paring agunging pangaksami.
* N u w u n
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
muantap pak prabotocoro....sukses...salam dari lombok
BalasHapus