Para sesepuh miwah pinisepuh ing
kang tuhu kinabekten, sumawana sang
gya para rawuh kakung saha putri
ingkang dahat kinurmatan. Lajuning
upacara andungkap paripurnaning pa
hargyan. Namung saderengipun kula
dherekaken hangancik titilaksana pa
nutup, kula ingkang piniji minongka
juru paniti laksana, ambok bilih salebe
tipun handherekaken lampahing upaca
ra wiwit purwa, madya ngantos dumu
gi wasana kathah kekirangan saha ka
lepatanipun ing samukawis, keparenga
kula hanyadhong rumentahing sih pa
ngaksami.
Salajengipun hambok bilih saparipurna
ning upacara pahargyan mangke , sa
king keparengipun sanggya para rawuh tumuli badhe kondur kasuwun mugi
wonten keparenging panggalih aparing puji astuti dhumateng risang pengan
ten kanthi ajawat asta.
Dene kula hamung saged ngaturaken sugeng kondur , mugi-mugi tansah
manggih kawilujengan ngantos dumugi ing dalem sowang-sowang.
Katur dhumateng juru sumbaga keparenga hanggandhek risang penganten
sarimbit jengkar saking sasana mulya jumeneng ing sangajenging kori pawi
wahan saperlu hanampi salam pamuji astuti saking ngarsaning para tamu.
Jengkaring risang penganten saking sasana rinengga , cinondra mangayak -
ayak tindake , tedhak saking padma sana kairing Rama-Ibu yayah galeyo
ngan.
Sumangga para rawuh kakung saha putri , kula dherekaken hamungkasi
pahargyan punika kanthi asesanti: "JAYA-JAYA WIJAYANTI MUGI RA
HAYU INGKANG SAMYA PINANGGYA."
N U W U N
Tidak ada komentar:
Posting Komentar