·
Nuwun, kula nuwun,
·
Panjenenganipun ingkang
tuhu kinabekten, para sesepuh saha pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng
pepoyaning kautamen, Para pangemban pangembating praja, kinarya pangayomaning
para kawula dasih ingkang dahat sinidarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh
kakung saha putrid, ingkang tuhu pantes sinugata ing kahurmatan..
·
Ngengeti panjenengan
sadaya lan kula jejering titah, ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti
Ingkang Maha Agung, pramila sumangga langkung rumiyin kula dherekaken tansah
hangunjukaken puja puji syukur sahandap pepadaning Gusti in gkang akarya jagat,
dene sampun kepareng hangluberaken kekiyatan tuwin kawilijengan, satemah
panjenengan sadaya lan kula saget kempal manunggal ing panti wiwahan wanci
punika kanthi winantu ing suka basuki.
·
Salajengipun tuhu
linepatna ing deduka tinebihna ing salwiring sesendhu, dene kula kapeksa
cumanthoka lumarap atur satemah hangirangi kamardikan panjenengan sadaya
anggennya nembe eca wawan sabda, nun inggih labet anggen kula kedah sumanggem
dhumateng dhawuh pangandikanipun bapak ……………………….., ingkang supados
handherekaken lampahing upacara miwaha dhauping panganten sarimbit, nenggih
atmaja putrinipun bapak ……………………ingkang asesilih rara ………………….., kaliyan bagus
……………………….atmaja kakungipun bapak………………..ingkang lenggah dedalem ing …………………..
·
Hanamung ing saderengipun
, nglenggana bilih kula naming boboting tiyang jugul ingkang cubluk
ambalilu , kothong ing seserepan miwah asor ing samukawis, pramila tan jangkep ing trapsila punapa dene cupet cewet atur kula ing mangke , ingkang tan bangkit hamangun suka renaning panggalih panjenengan sadaya, keparenga kula hanyadhong baludaging samodra pangaksami
ambalilu , kothong ing seserepan miwah asor ing samukawis, pramila tan jangkep ing trapsila punapa dene cupet cewet atur kula ing mangke , ingkang tan bangkit hamangun suka renaning panggalih panjenengan sadaya, keparenga kula hanyadhong baludaging samodra pangaksami
·
Sanggya adi lenggah
ingkang tansah kinaroban robbing samodra yuwana basuki.
Wondene reroncening
adicara ingkang badhe hangrengga wiwahan samangke nun inggih kadi ingkang badhe
katur makaten:
Titilaksana ingkang
sepisan, nun inggih pambuka
Kalajengaken adicara ingkang
kaping kalih , lumaraping Sri Atmaja panganten putrid ing sasana rinengga.
Adicara ingkang kaping
tiga, rawuhipun rising penganten kakung kalajengaken titilaksana srah tinampen.
Upacara dhaupipun
panganten ingkang kalajengaken upacara adat rinonce ing adicara ingkang kaping
sekawan.
Titilaksana ingkang kaping
gangsal , kumandhanging wahyu Suci Al-Qur”an.
Ingkang rinonce ing
adicara kaping enem, atur pambagyaharjo.
Wondene kirabing Temanten,
kaaturaken minongka adicara ingkang kaping pitu.
Saparipurnaning kirab ,
tumuli hangancik adicara ingkang kaping wolu nenggih wedharing Sabda Tama.
Salajengipun , titilaksana
ongka sanga nun inggih Hastungkara.
Lajuning upacara ndungkap
ongka sadasa, nenggih panutup.
·
Makaten sanggya para rawuh
kakung saha putrid , reroncening adicara ingkang badhe hangrenggani wiwahan ing
wanci punika.
Salajengipun, kanthi
tansah hanyadhong pangayoman mring Gusti ingkang Maha Agung , mugi tumapaking
gati wiwit purwa – madya dumugi wasana tan manggih rubeda. Kepareng upacara
tumuli kula adani.
Katur sanggya para tamu
minulya, sumangga kula dherekaken sekeca lenggah kanthi mardikaning panggalih ,
hangantu tumapaking adicara salajengipun. Kepareng kula hatur sesanti
“PAMIYAKING WARANA KINARYA SARANA HAMEMAYU HAYUNING SASAMA” N u w u n.
Catatan: Purwakaning atur panatacara/pambiwara , prayogi manawi
kairing larasing gendhing
PRAMUGARI pelog barang , utawi
saget ayak-ayak Slendro pathet manyura, minggah
Mijil Laras-ati . Manawi
gendhing sampun suwuk , nembe kalajengaken adicara ongka
Kalih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar