Minggu, 19 Agustus 2012

*Tuladha pasrah calon panganten kakung



* Nuwun , kula nuwun ,
 
* Para sesepuh myang pinisepuh ingkang
   dahat kinabekten. Sumawana  sanggya                                          ing para rawuh kakung saha putri,  ing
   kang tuhu  pantes kinurmatan. Kepare                                        n nga langkung rumiyin   kula  hangunjuk                                     a  aken puji syukur sangandhap pepada                                         ning Gusti ingkang Maha Agung, dene sampun kepareng paring kekiyatan saha ka
   wilujengan dhumateng kula sakadang, saengga anggen   kula   lu
   marab ngabyantara wonten ing ngarsa panjenengan sadaya wida
   da nir ing sambekala.
   Kalilahana humatur wonten ngarsa panjenenganipun ....................
   ingkang tuhu kinabekten.

*  Kula pun ............... cumanthoka lumarab atur wonten ngarsa panje
    nengan , nun inggih labet anggen kula dinuta dening  .......................
ingkang lenggah dedalem ing ........................ , ingkang supados :

*  Sepisan , hangaturaken kasugengan saha taklimipun bapak ........................sakulawarga, mugi   katur ing
     ngarsa panjenengan........................ sakulawarga.


*  Ingkang ongka kalih : nuhoni rantaman ingkang sampun gumolong gilig ing antawisipun priyagung ingkang
    samya bebesanan , kula kepareng hanglarabaken sowanipun calon penganten kakung  ingkang apeparap
    .................... , atmaja kakungipun bapak ing dusun .........................
    Kanthi panyuwun supados kaijabaken saha kadhaupaken kaliyan  atmaja putrinipun bapak .............. ing
    kang asesilih Rara .......................... Pramila hambokbilih sadayanipun sampun samekto saha satata beba
    san ulam munggwing rampadan panjenenganipun ........................................... namung jumuring ing karsa
    anggennya badhe nindakaken upacara ijab sahs dhauping panganten, kairing   puja  subrata konjuk ing sa
    ngandhap pepada dalem Gusti ingkang Maha Agungf, mugi tumapak ing upacara ijab   saha  dhauping Pe
    nganten sarimbit, saengga paripurnaning pahargyan dipun adani ing   wanci   punika   tansah kalis ing gora
    godha lan rencana , uwal saking salwiring poncabaya.
    Ing panginten sampun ndungkap ing titiwanci , jer calon penganten kakung sampun siyaga lan rumanti ing
    karti , ingkang punika sumangga calon panganten kakung kula aturaken , sinartan ing puja   puji   asesanti
    "JAYA-JAYA DWI PANTARA , WIDADA MULYA INGKANG SINEDYA"

*  Ing wasana kirang trapsilaning sowan kula sumrambah sanak kadang   pangayabing   calon panganten ka
    kung , punapa dene wonten kithal kuciwaning anggen kula matur ing reh dinuta , keparenga panjenengani
    pun bapak ........................... paring agunging pangaksami.

* N u w u n

1 komentar: