Kamis, 23 Agustus 2012

* Pungkasaning Atur Pambiwara

Para sesepuh  miwah  pinisepuh  ing
kang tuhu kinabekten, sumawana sang
gya  para  rawuh  kakung  saha  putri
ingkang  dahat  kinurmatan.  Lajuning
upacara andungkap paripurnaning  pa
hargyan. Namung  saderengipun  kula
dherekaken  hangancik  titilaksana pa
nutup,  kula  ingkang  piniji  minongka
juru paniti laksana, ambok bilih salebe
tipun handherekaken lampahing upaca
ra wiwit purwa, madya ngantos  dumu
gi wasana kathah kekirangan saha  ka
lepatanipun ing samukawis, keparenga
kula hanyadhong  rumentahing  sih   pa
ngaksami.
Salajengipun hambok bilih saparipurna
ning upacara  pahargyan  mangke  , sa
king keparengipun sanggya para rawuh tumuli badhe kondur  kasuwun  mugi
wonten keparenging panggalih aparing puji astuti  dhumateng  risang  pengan
ten kanthi ajawat asta.
Dene kula hamung  saged  ngaturaken  sugeng  kondur  ,  mugi-mugi  tansah
manggih kawilujengan ngantos dumugi ing dalem sowang-sowang.
Katur dhumateng juru sumbaga keparenga  hanggandhek  risang  penganten
sarimbit jengkar saking sasana mulya jumeneng ing sangajenging  kori  pawi
wahan saperlu hanampi salam pamuji astuti saking ngarsaning para tamu.
Jengkaring risang penganten saking sasana rinengga , cinondra mangayak  -
ayak  tindake ,  tedhak  saking padma sana kairing Rama-Ibu yayah galeyo
ngan.
Sumangga  para  rawuh  kakung  saha  putri , kula dherekaken hamungkasi
pahargyan punika kanthi asesanti: "JAYA-JAYA WIJAYANTI MUGI   RA
HAYU INGKANG SAMYA PINANGGYA."

N U W U N

Tidak ada komentar:

Posting Komentar