Sabtu, 18 Agustus 2012

* Purwakaning atur panatacara/pambiwara




·         Nuwun, kula nuwun,
·         Panjenenganipun ingkang tuhu kinabekten, para sesepuh saha pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, Para pangemban pangembating praja, kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang dahat sinidarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung saha putrid, ingkang tuhu pantes sinugata ing kahurmatan..
·         Ngengeti panjenengan sadaya lan kula jejering titah, ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti Ingkang Maha Agung, pramila sumangga langkung rumiyin kula dherekaken tansah hangunjukaken puja puji syukur sahandap pepadaning Gusti in gkang akarya jagat, dene sampun kepareng hangluberaken kekiyatan tuwin kawilijengan, satemah panjenengan sadaya lan kula saget kempal manunggal ing panti wiwahan wanci punika kanthi winantu ing suka basuki.
·         Salajengipun tuhu linepatna ing deduka tinebihna ing salwiring sesendhu, dene kula kapeksa cumanthoka lumarap atur satemah hangirangi kamardikan panjenengan sadaya anggennya nembe eca wawan sabda, nun inggih labet anggen kula kedah sumanggem dhumateng dhawuh pangandikanipun bapak ……………………….., ingkang supados handherekaken lampahing upacara miwaha dhauping panganten sarimbit, nenggih atmaja putrinipun bapak ……………………ingkang asesilih rara ………………….., kaliyan bagus ……………………….atmaja kakungipun bapak………………..ingkang lenggah dedalem ing …………………..
·         Hanamung ing saderengipun , nglenggana bilih kula naming boboting tiyang jugul ingkang cubluk
ambalilu , kothong ing seserepan miwah asor ing samukawis, pramila tan jangkep ing trapsila  punapa dene cupet cewet atur kula ing mangke , ingkang tan bangkit hamangun suka renaning panggalih panjenengan sadaya, keparenga kula hanyadhong baludaging samodra pangaksami
·         Sanggya adi lenggah ingkang tansah kinaroban robbing samodra yuwana basuki.
Wondene reroncening adicara ingkang badhe hangrengga wiwahan samangke nun inggih kadi ingkang badhe katur makaten:
Titilaksana ingkang sepisan, nun inggih pambuka
Kalajengaken adicara ingkang kaping kalih , lumaraping Sri Atmaja panganten putrid ing sasana rinengga.
Adicara ingkang kaping tiga, rawuhipun rising penganten kakung kalajengaken titilaksana srah tinampen.
Upacara dhaupipun panganten ingkang kalajengaken upacara adat rinonce ing adicara ingkang kaping sekawan.
Titilaksana ingkang kaping gangsal , kumandhanging wahyu Suci Al-Qur”an.
Ingkang rinonce ing adicara kaping enem, atur pambagyaharjo.
Wondene kirabing Temanten, kaaturaken minongka adicara ingkang kaping pitu.
Saparipurnaning kirab , tumuli hangancik adicara ingkang kaping wolu nenggih wedharing Sabda Tama.
Salajengipun , titilaksana ongka sanga nun inggih Hastungkara.
Lajuning upacara ndungkap ongka sadasa, nenggih panutup.
·         Makaten sanggya para rawuh kakung saha putrid , reroncening adicara ingkang badhe hangrenggani wiwahan ing wanci punika.
Salajengipun, kanthi tansah hanyadhong pangayoman mring Gusti ingkang Maha Agung , mugi tumapaking gati wiwit purwa – madya dumugi wasana tan manggih rubeda. Kepareng upacara tumuli kula adani.
Katur sanggya para tamu minulya, sumangga kula dherekaken sekeca lenggah kanthi mardikaning panggalih , hangantu tumapaking adicara salajengipun. Kepareng kula hatur sesanti “PAMIYAKING WARANA KINARYA SARANA HAMEMAYU HAYUNING SASAMA” N u w u n.


Catatan: Purwakaning atur panatacara/pambiwara , prayogi manawi kairing larasing gendhing  
                 PRAMUGARI pelog barang , utawi saget ayak-ayak Slendro pathet manyura, minggah
                 Mijil Laras-ati . Manawi gendhing sampun suwuk , nembe kalajengaken adicara ongka
                 Kalih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar